Pecel Legendaris Sukoharjo, Pecel Mbotho

Ono ing kesempatan pertamaku gawe tulisan iki, aku meh bahas pecel legendaris sing ono ing tlatah Sukoharjo, tepate ono ing Desa Mulur, Kecamatan Bendosari. Opo meneh yin dudu Pecel Mbotho. Kabeh wong sing urip ono ing Sakjroning Sukoharjo lan sak kiwa tengene mesti wis ora asing karo warong pecel iki.
Warung pecel iki pancen legendaris, Jaman cilikanku, warung pecel iki wis eksis ono ngisor wit ghede, ing sak pinggire dalan Sukoharjo-Mulur. Konon, warung pecel iki wis buka kawit taun 1987. Sakjroneng wektu, dalan Sukoharjo -Mulur ngalami pelebaran jalan uga digaweni kalen ono ing sakpinggire dalan kuwi mau, ndadekake saike pecele wis ora ono ing ngisor uwit maneh amergo uwite wis dipateni dening dinas terkait. Saikine warung pecele mapan ono ing emperan ono pinggir dalan e mbiyen.

Pancene Warung sederhana iki ndisik kondhang warunge poro supir truk sing kemproh, ananging, sakjroning pindah mapan ono ing emperan omah, saiki warung pecel Mbotho dadi warung pecel kang rapi. Sing ngedoli para generasi ke 2 ne mbah Mbotho iki Nambahi kesan nom-noman, soale sing ngedoli padha ijik bagus-bagus lan ayu-ayu.

Warung pecel iki kondang pedese, dadi sing ngersaake pecel, tapi sumer, ora disaranke madhang ono warung iki. Ndisik, sing madhang ono ing warung iki biasane sopir trek, saiki pelanggane reno-reno, soko pelajar, sampe pegawai kantoran. Tapi ojo kuwatir, warung iki ora mung adol sego pecel tok, ananging gorengane ugo kondhang. Wis dadi rahasia para masyarakat ono ing Mulur lak sak kiwa tengene, nalika kepengen gorengan akeh kanggo kerjabakti, mesti tukune ono ing warung iki. Gorengane biasa wae, sing ndadekake bedha yaiko gorengan mau dicocol sambel pecel sing puwedes kuwi mau, dadi yahud..

Warung iki nduweni ciri unik sing dingerteni kiwa tengene, yoiku nalika sasi pasa, warung pecel iki malah mbludak pwlanggan sing arep madhang awan. Pancen wis kondhang yin warung pecel mboto Sukoharjo iki ajeg buka koyo adate nalikaning sasi poso. Iki ndadekake wong wong sing lagi ono alangan ora poso, nduweni jujugan jelas nalikaning arep madhang awan.

Tinggalkan komentar

Rancang situs seperti ini dengan WordPress.com
Mulai